U t a n g
Anggie Camat *)
Yak opo rek...urip kok nggrangsang
Nyambut gawe seprono seprene,sik panggah kurang
Salah oleh prei arang-arang
Mbayare kurang, nek mbayar dienggang-enggang
Tangi turu, wes diseneni
Nyandak gawean, yo sik didongengi
Opo maneh iso ndelok tivi... durung nglirek, wes dipateni. K
ok yoo becik... nasib TKW iki
Awak kesel, raenek sing mijeti
Saben dino...diungkrengi, diprenguti, dipethuthuti
Untung-untungan ra tak ledeni, ra tak lebokne ati, ra tak entuti.
Opo maneh sing aran bobo alias si mbah
Sak Hongkong koyo-koyo digebyah uyah
Sembarang gawean jare sik salah Mencak-mencak ora nggenah.
Njelalah kersaning Gusthi Allah Nggeblak mlumah ngaplah-ngaplah
Olala… mbah... mbahhh Njalokmu pow kudu disembah.
Lek dipikir... penak wong lanang
Duduk manis karo ongkang-ongkang
Nek ditilpun.... kon gage kirim uang
Opo rangerti, nek bayarane iki ulanan
Sing dikirim wingi kae yo duwit utangan
Ora mek thithik, malah sak gudang
Mbok melu mikir tho kaaaannggg... kang.
Bojomu iki, dudu perancang.
Sekali nggambar... jadilah uang lalu cepet-cepet dikirim pulang
Njleketheeekkk... ko ngomah, mbok ngge nyaur utang
Waduh… aduh-aduh kaaaaaannng... bojoku lanang
Karep ati se... pingin ndang-ndang pulang kandang
Turu kelonan sambil bergoyang, berdendang riang
Pow iso kelakon, nek sik terus nanggung utang .
Lha iyo tho rek... nasib kok soro.
Nang negorone tonggo... keloro-loro.
Yoo...h...ra popo... legowo
Sing penting, nggolek upo, ra nggolek doso
Iman lan taqwo marang sing Kuoso Mugo-mugo mbesuk klebuo swargo
Maaaaaaaaaaaaaakkkk! dongakno yoo anak riko!
*) Anggie Camat, saat ini aktif di organisasi Seni & Karya Buruh Migran Indonesia (Sekar Bumi) sebagai koordinator bidang sastra dan budaya.
Saturday, 15 March 2008
Puisi
Labels: PUISI
3 comments:
oalah....
nyapo uripku selalu susah...
kapan aku isa ngrasa bungah...
karo kluarga selalu pisah...
direwangi ninggalke omah...
nanging setiap gajian ra tau turah...
wes gajian malah sirah rasane kaya arep poecah...
bingung lehku arep andum jatah...
coba nek aku dadi bojone lurah...
mungkin ora saben dina ngelus sirah...
oalaah...
coba nek aku dadi bojone lurah...
mungkin ora saben dina ngelus sirah...
oalaah...
goro-goro aku nyalon lurah
bar tanding terus kalah
duwet sawah malah bubrah
oalaaah...
walah.. walah... walaaaaaahhhh...
njelalah kersaning sing ragelem ngalah....
utange podho tambah...
huahahahahahahahaa......
Post a Comment