Saturday, 15 March 2008

Puisi

U t a n g

Anggie Camat *)


Yak opo rek...urip kok nggrangsang
Nyambut gawe seprono seprene,sik panggah kurang

Salah oleh prei arang-arang

Mbayare kurang, nek mbayar dienggang-enggang

Tangi turu, wes diseneni

Nyandak gawean, yo sik didongengi


Opo maneh iso ndelok tivi... durung nglirek, wes dipateni.
K
ok yoo becik... nasib TKW iki

Awak kesel, raenek sing mijeti

Saben dino...diungkrengi, diprenguti, dipethuthuti

Untung-untungan ra tak ledeni, ra tak lebokne ati, ra tak entuti.


Opo maneh sing aran bobo alias si mbah

Sak Hongkong koyo-koyo digebyah uyah

Sembarang gawean jare sik salah
Mencak-mencak ora nggenah.
Njelalah kersaning Gusthi Allah
Nggeblak mlumah ngaplah-ngaplah
Olala… mbah... mbahhh
Njalokmu pow kudu disembah.

Lek dipikir... penak wong lanang

Duduk manis karo ongkang-ongkang

Nek ditilpun.... kon gage kirim uang

Opo rangerti, nek bayarane iki ulanan

Sing dikirim wingi kae yo duwit utangan

Ora mek thithik, malah sak gudang

Mbok melu mikir tho kaaaannggg... kang.


Bojomu iki, dudu perancang.

Sekali nggambar... jadilah uang
lalu cepet-cepet dikirim pulang
Njleketheeekkk... ko ngomah, mbok ngge nyaur utang

Waduh… aduh-aduh kaaaaaannng... bojoku lanang

Karep ati se... pingin ndang-ndang pulang kandang

Turu kelonan sambil bergoyang, berdendang riang

Pow iso kelakon, nek sik terus nanggung utang .


Lha iyo tho rek... nasib kok soro.

Nang negorone tonggo... keloro-loro.


Yoo...h...ra popo... legowo

Sing penting, nggolek upo, ra nggolek doso

Iman lan taqwo marang sing Kuoso
Mugo-mugo mbesuk klebuo swargo
Maaaaaaaaaaaaaakkkk! dongakno yoo anak riko!


*) Anggie Camat, saat ini aktif di organisasi Seni & Karya Buruh Migran Indonesia (Sekar Bumi) sebagai koordinator bidang sastra dan budaya.

3 comments:

Rie Rie said...

oalah....
nyapo uripku selalu susah...
kapan aku isa ngrasa bungah...
karo kluarga selalu pisah...
direwangi ninggalke omah...
nanging setiap gajian ra tau turah...
wes gajian malah sirah rasane kaya arep poecah...
bingung lehku arep andum jatah...
coba nek aku dadi bojone lurah...
mungkin ora saben dina ngelus sirah...
oalaah...

Sekar Bumi said...

coba nek aku dadi bojone lurah...
mungkin ora saben dina ngelus sirah...
oalaah...

goro-goro aku nyalon lurah
bar tanding terus kalah
duwet sawah malah bubrah

oalaaah...

*~&~* ANGGREK MELIUX GIEX *~&~* said...

walah.. walah... walaaaaaahhhh...
njelalah kersaning sing ragelem ngalah....
utange podho tambah...
huahahahahahahahaa......